Selasa, 22 Desember 2009

Pengantenan

Kamis tanggal 17 Desember 2009 aku mulih menyang Wingko mulyo, amargo adiku yo anake bulek Ratinem nang Desa Jenar Kidul dadi manten. Aku mulih nganggo Varione anake si Faras lha yo mung kuwi duwene, nanging nyaman koq , baline ono Butuh mampir tuku dawet ireng kanggo Faras.
Ono ing Wingko isih ketok garing sanajan wis podho tandur, dadi uripe tanduran gumantung soko pompa banyu, wah pancen abot dadi wong tani saiki akeh biayane, coba wae nek mompa banyu nganti entek bensin maliter liter , yo mungkin rejeki kanggo wong sing duwe pompa banyu, nanging masyarakat cilik yo tambah sengsoro wae. Mugo mugo wae paringi kuwat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar